Lirik lagu acw star feat caca thalita - njaluk pegat


Lirik lagu acw star feat caca thalita - njaluk pegat

aduh kangmas aku ra sudi yen mung mbok gawe geloning ati
opo mbok anggep aku ora ngerti yen sliramu iseh mikirke siti
aduh kangmas aku njalok pegat atiku iki wes ora kuat
nandang bronto keloro loro
nduwe bojo iseh seneng wong liyo

opo to kurang ku iki mas
kabeh-kabeh iki uwis tak trimo
mbok elingo koe nduwe anak bojo
lungo adoh jare kerjo malah gendakan karo wong liyo

ojo mbok anggep aku ora ngerti
yen sliramu iseh seneng karo si siti
mending pegat timbang aku loro ati
aku gelo mbiyen gelem tok jak rabi

nduk kang mas njaluk ngapuro
uwes nglalekke anak bojo
malah mikirke wong liyo ojo tok pegat
mergo kangmas pengen tobat

kangmas ngaku salah
gendakan karo si siti
jebule si siti amung keplene gang dolly
aduh si nduk kangmas ngerti si nduk loro ati
kangmas ngejak bali
mergo kangmas cinta mati

si nduk pengen bukti
tresnane mas amung siji kangmas lilo mati
di nggo si nduk seng tak tresnani

reff :
aduh kangmas aku ra sudi
yen mung mbok gawe geloning ati
opo mbok anggep aku ora ngerti
yen sliramu iseh mikirke siti
aduh kangmas aku njalok pegat
atiku iki wes ora kuat
nandang bronto keloro-loro
nduwe bojo iseh seneng wong liyo

nyanyi cewe :
aku ra sudi mas balen karo koe
timbang balen mending nyandang status rondo
nduwe bojo kok kelakuane suloyo mending pegat ben uripku iso mulyo

pegaten aku mas aku wes ra kuat
atiku iki uwes keloro – loro
nduwe bojo kok ra iso dipercoyo
isone nggawe atiku dadi gelo

yowes nek ra gelem koe balen karo aku
kowe njaluk pegat aku ra bakal setuju
kangmas pancen edan nggawe si nduk dadi kelaran

nyuwun pangapurone ben kangmas lurus dalane
elingo anake dewe iki iseh cilik
ojo dadi korban wong tuone sing ra becik
koe njaluk pegat hurung mesti dadi apik
mending balen karo kangmas
mbangane si nduk mengko kecilek

aduh kangmas aku ra sudi yen mung mbok gawe geloning ati
opo mbok anggep aku ora ngerti yen sliramu iseh mikirke siti
aduh kangmas aku njalok pegat atiku iki wes ora kuat
nandang bronto keloro-loro nduwe bojo iseh seneng wong liyo

0 Response to "Lirik lagu acw star feat caca thalita - njaluk pegat"

Post a Comment