Lirik lagu mboten saged sungkem - Ndarboy genk
Roso kangen sing kudu tak pendem
bodho iki mboten saget sungkem
Tasih katah salah luput lan dosaku
Bapak ibu ngapuranen aku....
Sopo wong sing ati ne ra sedih
Bodho iki aku ora mulih
Akeh wong sing nganggur
Akeh wong do ngelih
Salam kangge dulur lan tonggo tepalih
Tak ikhlas ikhlaske tak lilak lilakke
Pacobaning urip mugo ndang ono tambane
Sabar kudu sabar aku mung iso wenehi kabar
Di kandeli usaha ugo ikhtiar e
Gusti kulo nyuwun kawelasane
Pasrah kudu pasrah
Iki kabeh mung mergo musibah
Meh ngopo ngopo kudu neng njero omah
Weling ku mung siji
Ndedonga lan ngibadah
0 Response to "Lirik lagu mboten saged sungkem - Ndarboy genk"
Post a Comment