Lirik lagu Lego - Manthous

Lirik lagu Lego - Manthous 


...Lego rasaning ati
Kaleksanan kang dadi sedyaku
Wus suwe nggonku ngenteni
Mung sliramu kang tak impi impi

...Rino kelawan wengi
Tak sesuwun dungo lan pamuji
Wus dadi prasetying ati
Mugi mugi Gusti paring idi . .


..Tak geget pinggiring lathi
Opo tenan opo iki ngimpi
Eling eling semono yen saben ketemu
Prengat prengut ra dadi kersane

...Bebasan umpamane
Wong lumampah tur kasatan toyo
Tetesing katresnan jati
Adhuh Gusti bejane wak mami

...Tak geget pinggiring lathi
Opo tenan opo iki ngimpi
Eling eling semono yen saben ketemu
Prengat prengut ra dadi kersane. . .
Bebasan umpamane
Wong lumampah tur kasatan toyo
Tetesing katresnan jati
Adhuh Gusti bejane wak mami. . . 

0 Response to "Lirik lagu Lego - Manthous "

Post a Comment