Lirik lagu ojo Di gondeli - Manthous

 Lirik lagu ojo Di gondeli - Manthous




Janjine ora tenanan

Jebule kriwikan dadi grojogan

Saben saben di elingke

Nanging sajake kok anteng wae.   



Pulo pulo 

Wis bejaku yo dik yo

Wis pancen dadi nasibmu

Tak suwun marang sliramu

Ojo dadi runtik ing atimu. . 



Iwak cucut wadahi karung

Becik mbacut tinimbang wurung

Aduh mas tinimbang wurung. . 



Ning pasar kok tuku cipir

Jok samar yen ra tak pikir

Aduh dik ojo kuwatir. . 



Manuk gagak kok ngaku merak

Pancen sengojo pancen dijarag

Aduh mas sakit atiku . . 


Ono kadal mangani roti

Ndang tak budhal ojo di gondheli

Aduh dik ojo di gondheli . . 


Mbang kacang  kembang kedele ela e

Glopa glape dadi gawe

Yen pancen di karepake

Ayo enggal aku terno mulih wae 

0 Response to "Lirik lagu ojo Di gondeli - Manthous"

Post a Comment