Lirik lagu Ilang tresno - Lsista

 Lirik lagu Ilang tresno - Lsista






Udan mbengi iki

Nambah lara ning ati

uwong sing tak tresnani

Ninggalke janji suci

Jane opo salahku

Kowe tego ninggal aku

Gawe ajur rosoku. .. 




Sinare rembulan 

Koyo melu kelaran

cahyane wis mati

Ra sumunar koyo ndek wingi



Nalika kowe lan aku 

Aseh bareng dadi siji

bareng jogo tresni suci. . 

 


Tulung jelasno salahku

Yen aku sing kleru

Mergo ati iki ra biso kelangan tresnamu

Kadung jero roso tresno iki




Janjimu mbiyen 

Kowe bakal tulus ngancani

jarene kowe nresnani

aku tekan mati

neng nyatane

saiki kowe ninggal janji

gawe tatu ning ati. .. 





Awal ketemu kowe pisan

 Biso gawe ayem atiku

itungan seminggu

Kowe agawe tentrem rosoku

Kowe banjur kondo

Yen kowe nresnani aku

Nanging muspro

Saiki kowe ninggalke aku




Nyuwun pangapura

Aku wis ngapusi kowe

aku njaluk kabeh iki iso tak lalekke

sak jujure kawit awal awak dewek kenal

Atiku durung lungo 

Sejo tresno sakdurunge




Bingung ati iki

kudu milih sing endi

Jujur sakjroning ati ra biso tak apusi

saiki dekne bali neng njero urip iki

gawe goyah ati iki

Pancen wis tak coba 

Ndandani kabeh crito




nanging rosoku iki

Ilang muspro sio sio

pas dek'e balik teko bali ning uripku iki

kowe kudu tak larani





Mungkin kabeh iki 

Pancen wes dalane gusti

senadyan loro nanging 

Tak cobo legowo ati

bakal tak iklasna

Kowe bahagia ro dek'ne

ora bakal tak gondeli

kabeh pilihanmu iki




Aku sadar diri

mung nglarani kowe

wis cukup semene rampung dalan critane

aku amung biso ndongo maring kuoso

mugo kowe urip mulyo

Nemokke tresno sing liyo




Ngapurane aku

pancene aku sing kleru

mergo aku wis mbuko ati kanggo sliramu

jroning dodo iseh ono tresno liyo





Janjimu mbiyen kowe bakal tulus ngancani

Jarene kowe nresnani

Aku tekan mati

neng nyatane

saiki kowe ninggal janji

gawe tatu ning ati 

 

 


0 Response to "Lirik lagu Ilang tresno - Lsista"

Post a Comment