Lirik lagu Katresnan bapak lan ibu
Bapak Ibu pangorbananmu,
Ora pedhot kairing lakune wektu
Katresnanmu awujud cahyaning lintang Rembulan kang gumebyar ing langit biru
Tanpa panjenengan
Bapak ibu
Krasa luwih abot anggonku mlaku
Anggonku ngadhepi dina dina ing uripku
Anggonku kulak ngelmu
Kanggo nggayuh pangimpenku. . .
Nalika ana tumindakku kang luput
Panjenengan tansah paring pangemut
Supaya uripku ora kalang kabut
Supaya bisa dadi tuladha becik
Lan bisa dianut
Matur nuwun bapak ibu
Mugi mugi Gusti
mbales kabeh kabecikanmu
Lan aku bisa dadi kaya
apa kang dadi pangimpenmu
Tansah agawe aruming asmamu
Kairing dongamu
Aku tansah nyuwun pangestu
Supaya bisa mbales
Budi mring sliramu
Lan bisa kacekel
Apa kang dadi pangimpenku. . .
0 Response to "Lirik lagu Katresnan bapak lan ibu "
Post a Comment